Minggu, 03 April 2011

Tragedi Pipi kiri

cerita ini boleh anda percaya boleh tidak...tapi dengan membacanya anda akan mengerti sendiri kevalidan cerita ini.....mohon maaf untuk yang merasa ada kesamaan nama tokoh dan lain sebagainya, ini tidak bertujuan menjatuhkan tapi bertujuan mengingatkan sebuah sejarah yang pernah terjadi

isuk2.....tangi turu, sholat subuh....
bar sholat subuh korahan numpuk rong gunung...halah g msalah pas kui semangatku g kyo biasane....

halah kyo bar disuntek dadi giras.....g enek setengah jam korahan wes bar kabeh.....bar kui langsung ados....macak halah nang ngarep koco aqw kroso rdok2 ndredek.....halah ga tak reken.....bar macak njaluk sangu nang bapak, trus pamit budal sekolah...nang kndaraan umum rasane dodoku nderedek g karuan...biasane kol mlakune koyo kuro...mbuh dino kui mlakune kyo kilat...weesss....moro2 wes tuk terminal...nang atiku kok cpetmen to kol le....bar kui aku nggolek kol ngulon...loh seng biasane suuui, la kok dino kui langsung enek kol delima tulisane....waduh kaco....yo wes lah....dino iku pas sabtu...sekolahku gak enek pelajaran tapi digawe pengembangan diri......halah nang kelas padahal suuui rasane kok yo sediluk....aku mlaku munyer2 sekolah...petuk fahriannoor tak semayani takkonngetero aku engko sore.......kok petuk karo benny koncoku....aku dijak tuku mangan, seng asli aku warek, tapi halah wetengku diisi lagi semangat akhire gelem mangan....bar mangan benny tak tinggal munyer2 sekolahneh..aku nggolek'i fahriyannoor...pas enak2 munyer roh cahe latihan pramuka....aku dijak bareng obak mbuh opo uuuaneh....enak2 obak enek gru pramuka...aku langsung hawat2an melok pramuka padahal aku g melok pramuka, pas wonge mere aku mlayu......bar kui aku petok dono, dono mbedoni cah wedok, mbuh sopo jenenge lali aku......terus ditakoi dono pe opo sa?...tak jawab ngenteni fahriannoor...tak enteni sui nang ngarepan sekolah enak2 ngenteni enek bocah kelas siji bolo plekku tapi aku lali jenenge....de'e crito aku nak pe melok lomba olah raga, njaluk dungo...langsung bar kui cah2 pramuka muleh....fahriannoor metu ngguri dewe...melaku koyo unto.....biasa senengane fahriannoor usille gak kaprah.....pas aku nunut pe nggoncek spedahe di gas ....meh tibo aku...cahe roh nak aku nderedek......bar kui tak ganduli tase akhire aku iso nggoncek....digoncekno nang umahe...tak ndari, noor aku semayan karo Erin jam siji ape nembak mbak e....cahe muni yo.....tok umahe enek pak anne noor....mbuh ngutek2 kembang...bar salam aku melebu omahe noor langsung nang njerone kamare noor....nang kono aku ngentat-ngentut perkoro ndredek.....halah ben sediluk ndelokjam...aku moco mokike noor....noor tak jak guyon ben aku g ndredek, tapi de'e yo ngunu nggawe aku ndredeek ae.....enak2 moco komik aku dijak noor mangan.....halah klambiku tak nggo aku mlaku uuuualun....tuk ngisor enek jangan asem....aku mangan ra patek enak cangkemku perkoro ndredek....noor kondo ibuk'e nak nang majalah sekolah enek aku...halah aku di soaki adik e noor.....bar mangan aku nang kamare noor neh.....minyak wangine noor tak semprotno klambiku.....ben gak kecut.....bar minyak wanginan...tas tak tenteng...aku spatunan, bar kui noor nytater sepedahhe....barwi mlaku, noor takkoon banter malah dialuno....tuk ngarep omahe erin...noor tak kon sms....dadak erin ngongkon noor nggowo gitar, akhire munyer mulih nenh nang omahe noor, njukuk gitar.....bar njukuk gitar aku numpak sepedahe noor...biasa koyo pas nang sekolah.....pedahe digas pas aku gung numpak...celono seragamku kecantol suek...de'e padahal yo roh nak aku ndredek makane dijarak.....tuk omahe erin...erin dicelok noor akhire metu...halah tuk omahe erin aku malah ndredek...bar kui ngajari erin nggitar....enak2 nggitar mbake erin metu halah gobyos kringetku....bar kui dikon melebu...langsung melebu...latihan nggitar...aku ndredek tak gawe push up...tapi jek ndredek.....bar kui mbake erin melok2 cah2 nyanyi.....dikon nyanyi moh....bar kui mbake erin melebu ndlok tivi....aku kblet mengguri....halah jedinge gak enek lawange......bar soko ngguri aku mbalik mengarep......erin bingung piye ben mbake metu...kondo nak aku njalok ngombe moh njukuno...bar kui langsung ae dikandari erin nak aku pengen ngomong.....halah aku ndredek poll.....mati nang atiku piye ki iso po ora ngomonge......langsung tak wani2no...mbake teko...tak kon lunggoh...aku ditinggal erin dewe'an cah loro karo mbake tok....terus mbake erin takkon lunggoh...bar kui tak omongi...halah aku bingung ngomong piye....mbuh ngempet ndredek langsung ngomong nak aku seneng.......halah pertama hawat2an gak ngandel...teros ditakoi seneng ket kapan...tak jawab ket kelas siji....halah keto'e ko wajahe nak pe nolak...tapi kok sungkan mbuh ngesakno karo aku...aku ngomong nak gelem karo aku pipi tengenku tapuk...nak moh pipi kiwoku tapuk...nek po kok ngunu nak pipi tengen wi artine nyadaro aku...le we gak ngipi dadi pacare mbak erna.....nak pipi kiwo ngilingo le we gak pantes dadi pacare mbak erna......terus aku dikandari nak aku ki wes dianggep adek karo de'e....halah atiku langsung nyes...kyo geni di guyang banyu.....lempok rasane...rasane kyo langit ceblok nang gegerku....terus tak takoi la piye...terus de'e njawab nak wes enek...halah aku koyo penangis tapi biasa...aku iling jare buku SEMUA MASALAH YANG DIHADAPI DENGAN SEMYUM ITU AKAN TERLIHAT LEBIH MUDAH.....aku hawat-hawatan senyum......bar kui aku metu nang terase erin...halah semangatku ndek isuk ilang mung pirang menit tok...aku bar kui dikon cerito karo erin...bar kui aku cerito...terus...aku mlebu neh nang omahe erin...mben atiku gak patek sedeh aku nyanyi2 karo cah2.....trus ben iso ngguyu aku ngente'i noor nak cahe seneng AQLY.....halah bar kui enek bakul ledre....ngomong nganggo boso jowo...erin gak paham mbake metu neh tuku ledre....bar sediluk enek bakul mie ayam karo bakso.....aku ditawani milih po...seng asli aku wes gak doyan mangan.....mben gak sungkan.....aku ngomong sak karep podo karo cah2 ae..... bar kui erin diparani bolone...halah aku sungkan...mangan tak cepetno...aku muleh karo noor....halah iku dadi pengalaman seng gak nngarah tak lalino......mbuh bar kui tuk omah aku langsung ados ngekei mangan iwak...sholat ashar, magrib, isya' pas bengi aku gak iso turu...slamete kok aku jek iso turu....

2 komentar:

Xia Fuliang mengatakan...

ngelu aku mocone... bahasane ra pti mudeng ditambah kakean titik-titik :D

assanet mengatakan...

trimakasih masukannya

Posting Komentar